A PHP Error was encountered

Severity: Notice

Message: Undefined property: stdClass::$iframe

Filename: libraries/Article_lib.php

Line Number: 238

Backtrace:

File: /var/www/html/frontendv2/application/libraries/Article_lib.php
Line: 238
Function: _error_handler

File: /var/www/html/frontendv2/application/controllers/Read.php
Line: 85
Function: gen_content_article

File: /var/www/html/frontendv2/index.php
Line: 314
Function: require_once

Kreatif, Kerajinan Unik Manfaatke Tutup Botol Bekas

Kompas TV regional berita daerah

Kreatif, Kerajinan Unik Manfaatke Tutup Botol Bekas

Kompas.tv - 6 Februari 2020, 11:16 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

SEMARANG, KOMPAS.TV - Pengrajin warga Dalan Sri Rejeki Utara 7 Rt 3 Rw 1 Kelurahan Kalibanteng Kidul, Kecamatan Semarang Barat, Kota Semarang, Dian September kasil nglukis ing tutup botol bekas kecap utowo sirup lan dadi barang seng aji didol. Macem-macem gambar kewan koyok iwak, pitek lan kucing kasil dilukis ing tutup botol bekas. Sakliyane kuwi ugo ono lukisan aktivitas sakjumlah warga koyok ing ndalanan, ing pasar lan gambar perabot rumah tangga ugo kasil dilukis seng mediane tutup botol bekas. Orak mung mbutuhke ketelatenan, nanging nglukis ing tutup botol bekas iki ugo mbutuhke ketelitian, supoyo iso ngasilke karya seng endah. Koyok nglukis podo umumme, nglukis ing tutup botol bekas iki awalle digawe sketsa nggunakke petelot ndisek njur diwernani nggunakke cet air. Sakwise gareng, njur lukisan dilapisi nggunakke cet semprot. Sakwetoro kuwi ide kanggo nglukis ing media tutup botol bekas iki pas orak sengojo ndelok akehe sampah tutup botol, lan kepengen ngolah sampah tutup botol dadi barang seng migunani lan aji didol. Kanggo sakwetoro wektu, lukisan ing tutup botol bekas iki didol nggunakke coro getuk tular seng regone antarane 50 ewu nganthi 200 ewu rupiah, disesuekke karo kerumitanne karakter seng arep dilukis.

#Lukisan #LukisanTutupBotol #Semarang




Sumber : Kompas TV



BERITA LAINNYA



FOLLOW US




Gabung ke Channel WhatsApp KompasTV untuk update berita terbaru dan terpercaya.


VIDEO TERPOPULER

Close Ads x