> >

Polisi Nangkep Pelaku Penculikan Anak

Berita daerah | 19 Maret 2020, 12:31 WIB

YOGYAKARTA, KOMPAS.TV - Ing video pengawas iki ketok wong lanang seng dadi pelaku penculikan ngedunke korban ing gang ing Kampung Muja Muju ,Kutho Yogyakarta. Ing penggonan iki pelaku njur nglakokke pelecehan marang korban nanging akhirre mlayu mergo kuwater tindakanne dingerteni warga seng lewat. Karo bekal video rekaman pengawas, pihak Kepolisian njur nglacak identitasse pelaku lan kasil nangkep pelaku ing kawasan Sidoarjo, Jawa Timur. Sakliyane video rekaman kamera pengawas seng viral ing media sosial, Polisi ugo nyita klambi seng dienggo pelaku pas nglakokke aksine.

#Penculikan #CCTV #Yogyakarta

Penulis : KompasTV-Jateng

Sumber : Kompas TV


TERBARU